Rabu, 04 Maret 2015

Ahok Pancen Kendel !!!!!!!


Regejegan antara Gubernur DKI Jakarta Basuki Tjahaja Purnama (Ahok) dan DPRD DKI Jakarta terus nggawe panase suasana. Sakwise  DPRD DKI nggawe hak angket, Ahok nglawan  kanthi nglaporake sawening anggota DPRD DKI  dinuga nindhaake  korupsi  kanthi nindhaake  mark up anggaran ing dalem  RAPBD DKI Jakarta Tahun 2015. 

Manut Ahok, kebak anggaran sing ora  masuk akal diajoake  dening DPRD DKI marang  Pemerintah Provinsi Jakarta. Saka curigane ahok mau akhire dewekke ora njaluk pasetujone DPRD DKI lan langsung nyerahake RAPBD DKI marang Kemendagri. 

Bab iki sing nggawe DPRD Jakarta ngamuk lan nduweni alesan kanggo nglengserake Ahok. DPRD nggawe hak angket kanthi pasetujone kabeh fraksi . Ahok kaancem dilengserake . Ahok akhire ora meneng wae  sateruse mbeberake saweneh culikane  DPRD DKI mangan dhuwit rakyat. 

Salah sawijine masalah yang diungkap Ahok yaiku ngenani sumedyane Uninteruptible Power Supply (UPS)  kanggo  sekolah-sekolah sing regane nganti Miliaran Rupiah saben unite. Bab iki dinuga ora masuk akal . Saliyane iku uga soal anggaran sosialisasi Surat Keputusan Gubernur No 168 tentang RT dan RW.  

Ing anggaran sing diajoake dening DPRD DKI , dana kanggo sosialisasi gedhe 100 yuta. Rumangsa dilecehake , ahok akhire ngorek-ngorek usulan anggaran mau nganggo tulisan  'pemahaman nenek lu'. 

"ana atusan nganti ewon mata anggaran gedhene   Rp 100 juta, Rp 200 juta kan kurang ajar. Tak  tulis 'nenek lu'. Coret!, bener takon wae karo  Bappeda, aku nulis  'nenek lu', Tak wenehi bunderan . amarga ukara  'nenek lu', mungkin do tersinggung," jelase Ahok ing  Balai Kota DKI Jakarta, Jumat (16/1) kepungkur.

Ora mung iku , ana saweneh  anggaran aneh, kaya les bahasa mandarin lan paket mandarin. Saben pakete  nduweni aji puluhan yuta.  Ahok uga ngandharake , ana anggaran kanggo  visi lan  misi anggota DPRD DKI Jakarta.***
Sumber :  Merdekadotcom

Tidak ada komentar:

Posting Komentar