Semarang - Pancen
hebat wong sing aran MK (41) iki senajan sekolahe mung SD wae nanging dewekke
iso ngrakit TV saka Monitor computer sing wis ora kanggo. Nanging yakuwi saka
kepinterane mau dewekke malah di cekel polisi . MK sing warga desa Jati Kuwung
kecamatan Gondang rejo kudu urusan polisi sebab mroduksi TV saka barang sing
ora kanggo lan ora nduwe ijin pisan.
Kabid Humas Polda Jawa Tengah, Kombes Pol A
Liliek Darmanto ngandharake , MK dicekel amarga ngalanggar pasal 120 juncto pasal 53 ayat 1 huruf b
Undang-undang RI No 3 tahun 2014 ngenani perindustrian amarga mroduksi lan ngedharake barang sing ora nduweni ijin
lan uga ora manut SNI . Saliyane iku uga ora ngepasi aturan lan tata cara sing
di wajibake ing babagan industry . MK bisa diancam karena ukuman kunjara 5 tahun lan
denda paling akeh 5 Milyar.
Ing omahe miturut Liliek, kasangka MK mbukak reparasi elektronik "Haris Elektronik", nanging ing
njerone omah mau dewekke uga mroduksi televise saka tabung monitor computer sing
wis ora kanggo. Layar monitor tabung mau direkadaya kanthi onderdil liyane saenggo dadi tivi sing
payu di edol. Ora tanggung-tanggung sedina kasangka lan 8 karyawane iso
mroduksi 30 -40 Televisi.
"Sedina bathine 450 ewu rupiah , dene sewulan bisa entuk bathi nganti tekan 11,7 juta rupiah hari keuntungannya Rp 450 ribu dan satu bulan bisa mencapai Rp 11,7 juta," ujare Liliek.
Televisi sing diproduksi MK iki model tabung kanthi ukuran 14 inch sampai 17 inch. Dewekke entuk tabung monitor computer saka
para pengepul barang elektronik sing ora kanggo . Sateruse MK tuku casing lan
remote ing toko-toko elektronik sacedhake .Dene wadhake dewekke pesen kerdus
kanthi merk gaweyane dhewe.
" Dewekke ora migunaake merk sing wis ana , nanging nggawe dewe merek kayata Veloz, Maxreen, Zener, dan Vitron," tambahe Liliek. (Muin)
Warta lan foto iki saka Detikdotcom

Tidak ada komentar:
Posting Komentar